CLICK HERE FOR BLOGGER TEMPLATES AND MYSPACE LAYOUTS »

Senin, 02 November 2009

drama bhs.jawa

Panggungan:Digawe kaya dene pinggir kali kang lagi kebingungan,ora bisa nyabrang kali.
Mula para paraga Klenting Abang takok karo adhik-adhike yaiku:Klenting Biru lan Klenting Ijo.


Klenting Abang : "Adhikku kabeh,kepriye ki?
kaline santer banget !!!"
Klenting Biru : "Melaske ho...!!!"
(clatune Klenting Biru,semu ngece mbakyune)
Klenting Ijo : "Kowe ki kepriye ta dhik !!!`
Mbakyu lagi bingung kok malah ngomong kaya kuwi !!!"
Klenting Biru : "Saiki kaya kiye bae mbak,saiki njaluk tulung marang juru tambang !!!"
Klenting Abang : Hiiii....ana yuyu!!!yuyune gedhe banget,gek mangane sepira???
(Klenting Abang kaget tur semu gumun)
Yuyu Kangkang : Haaaaa.....ha....
(Yuyu Kangkang seneng,ngguyu nyekakak).
“Bocah ora tau ngerti yuyu,ngerti sepisan seneng banget !!”
Klenting Ijo : ”He...yuyu,kowe bisa ngomong ta???”
Yuyu Kangkang : ”Bisa dhong!!! Haaa.....,gadis cilik pating klenting,padha arep ngising pok???
Klenting 3 : ”Huuuu senengen!!Melaske hooo!!!
(jawab bareng)”
Klenting Biru : ”Heee,,,yuyu!!!Aku sabrangke mrana haa!!!”
Yuyu Kangkang : ”Oo......,gampang,ning ana opahe!!!”
Klenting 3 : ”Huuuu.....senengen!!!”
Yuyu Kangkang : Ora gelem ya ora papa kok!!!
Eee....Slulup maneh aaahhhh!!!
Klenting Ijo : ”Hee....Yuyu!!! Aja kesusu mingslep raaahh!!!
Yo wis nyoh,di sun pakora,sing penting nyong sabrangke haaa!!!”
(sabanjure Yuyu Kangkang nyabrangake Klenting-Klenting 3 mau.Sauwise
nyabrangake,mangkene guneme Yuyu mau:)
Yuyu Kangkang : ”Aahhh lumayan aaaahh!!! Telung sabrangan entuk ongkos telung ambungan.
Eeee karo leyeh leyeh, liren dhisik aaaahhh!!” mbok menawa ana sing arep nyabrang maneh.
(Dumadakan Yuyu Kangkang banget mambu ambune Klenting Kuning sing lagi teka kang njaluk disabrangake uga).
Yuyu Kangkang :”Weleh weleh,ana bocah elek,ting jewewek,ambune tembelek!! Eeee...ndhelik kene rah,mengko ndhak kon nyabrangake,,,,tombok kiye!!”
Klenting Kuning : ”Ee....Yuyu !!! Kowe aja ndhelik rah! Ayo aku disabrangake kaya mbakyu mbakyuku kae,mengko tak opahi!”
Yuyu Kangkang : “Gah ah!! kowe elek kok!!Nyong ora di opahi ya rakaiki!”
(Yuyu Kangkang semu sinis).
Klenting Kukning : ”Ayo aku disabrangake mrana!!Mengko yen ora gelem tak sunati lho!!”
Yuyu Kangkang : ”Eee,kowe kok ngancam nok!! Nyong be yuyu wedok nok,pak disunati apane??
Ora percaya pa,Yeeee!!!”(Yuyu Kangkang medheki Klenting Kuning karo ngece
Klenting Kuning : ”Wis....,ora gelem nyabrangke tenan???Tak sabet nganggo sada lanang,kowe!!”
Yuyu Kangkang : ”Tuluuuuung,tuluuuung!!!Ma'e Ma'e!!! Kapok aku!!”
(Yuyu Kangkang sambat awake lara kabeh,merga diajar dining Klenting Kuning,Yuyu Kangkang bali mring kayangan).
Tema : Yuyukang kalah kaliyan Klenting Kuning
Paraga :
Klenting Abang
Klenting Biru
Klenting Ijo
Klenting Kuning
Yuyu Kangkang
Watake Paraga :
Klenting Abang : Jahat ,sombong lan geleman
Klenting Biru : Jahat ,sombong lan geleman
Klenting Ijo : Jahat ,sombong lan geleman
Klenting Kuning : Apik, Bonten Sombong, Wanen
Yuyu Kangkang : Sembrono ngakali

Latar Setting :
Tempat : Ing Kali
Waktu : Awan




Isi Sandiwara :
Klenting Abang,Klenting Biru, Klenting Ijo, njalok Tulung nyabrang kali karo Yuyukangkang lan opahe, sak sabrangan, sa sun…sun-nan
Yuyu kangkang wegah nulungi klenting kuning nyabrangke kali. Banjur Klenting Kuning nyabet Yuyu nganggo sada lanang.

Kesimpulan : Yuyu kangkang sambat awake lara kabeh mergo diajar dining Klenting Kuning, Yuyu Kangkang Balek bali mring kayangan.


Nama : Desy Purwati
No : 09
Kelas : XII TKJ
Mapel : Bahasa Jawa

0 komentar: