CLICK HERE FOR BLOGGER TEMPLATES AND MYSPACE LAYOUTS »

Senin, 08 Februari 2010

sesorah tema teknologi

Assalamu’alaikum wr.wb

Ingkang dahat kinurmatan ibu muji .Ugi ingkang kula tresnani kanca-kanca sedaya.Sumangga langkung rumiyin kula lan panjenengan sami munjuk ake puji syukur dhumateng ngarsaning Gusti ingkang Maha Agung awit dumugi wekdal punika kula lan panjenengan taksih pinaringan kasarasan lan kawilujengan.Katitik ing wekdal punika kula lan panjenengan taksih pinaringan kalodhangan makempal wonten mriki.
Ibu muji ingkang dahat kinurmatan ugi kanca-kanca ingkang kula tresnani.Tema ingkang badhe kula aturaken inggih menika Teknologi Informasi.Selampahipun perkembangan teknologi wekdal menika zaman sampun ewah.Saking zaman industri dados zaman teknologi informasi.Nalar ekspansif lan eksploitatif bangsa Eropa ingkang mbeta peradaban manungsa wonten ing zaman industri. Zaman menika dipunlampahi wonten atusan tahun.Salajengipun zaman industri dados zaman teknologi informasi,zaman menika marisi donya pasca kolonialisasi fisik lan perang donya.Zaman salajengipun donya dados tambah ciut lan global.Internet kepanggih lan teknologi sanesipun.Era cyber menika ndadosaken lahiripun nilai-nilai enggal lan kelompok dominan enggal .Nanging kita mboten saget nglirwakaken bilih sedaya ingkang wonten ing donya menika wonten mumpangatipun ,nanging sedaya gumantung kaliyan sinten ingkang badhe ngginaaken teknologi menika.Ugi kados pundi kita sami migunaaken teknologi menika ,sahingga saestu saged mumpangati dhumateng kita sedaya,tuladhanipun.
Pangajeng-ajeng kula tumprap kanca-kanca,supados saged ngginaaken teknologi informasi menika kanti leres,sahingga wontenipun teknologi menika mboten ndamel kacilakaning tumprap kita sedaya.
Cekap semanten ingkang saged kula aturaken,menawi wonten kalepatanipun,kula nyuwun agunging samudra pangaksami.Matur nuwun .

Wassalamu’alaikum wr.wb

0 komentar: